Kumpulan Artikel

Just another Wordpress.com weblog

Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan tamba tatu

Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.

Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.

Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.

.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.

https://i0.wp.com/www.mardi.my/bdc/herba/Aloeve.jpg

Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.

Carane ngramu

Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu.

Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore.sawise mangan

Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang wisa mateng. Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob. Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore..

Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Nulli dikumbah resik.Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3 gelas,banjur didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.

Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100 gram temulawak’ 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos.14 gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram godhong kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak. Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring. Asil saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina ,esuk lan sore

Tamba asma : 300 gram lidah buaya dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane diombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan sore,saben sakombenan 1 sendok teh

Warna-warna penyajian

Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan seger ,wektu iki uga akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate. Wektu iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa panjenengan kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta mesthi mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget,bisa ngurangi rasa sebah panggonan weteng.. Kepriye carane gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah resik,banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender. Sawise iku potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga ilang lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik mau banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga santene digawe pisah..

.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.

Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg daging lidah buaya. ‘ 3 gram ager-ager bubuk utawa ½ bungkus. Carane nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam askorbat sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender. Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk ,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap dikemas nganggo botol.

Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane nggawe : Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe sing panas utawa dioven. Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong kertas kayadene teh celup.

: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700 gram tepung ketan’ 400 gram tepung beras;2 kg gula pasir’ 2 liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo 100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji ); ager-ager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel. Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.

Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buaya yaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri : werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet. Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya : banyu 1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml. Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan plastic Lebokna ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah 0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90 derajat Celcius nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake (digodhog sajrone banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5 –2,5 cm saka ndhuwur tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur ditutup rapet lan kareben adhem ing suhu ruangan..Panggonan botol diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya bisa dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe : mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500 cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150 gram gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk bageyan kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa kubus. Sawise iku potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan kapur sirih sajrone 30 menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo banyu umob sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe ,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong nganti umob. Sawise umob potongan lidah buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan banjur diangkat lan siap diombe sawise adhem. Uga bisa ditambahake es batu utawa es serut.

Peluang bisnis

Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi obat,kosmetikalan minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah buaya nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane ing Indonesia budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring mrangguli isih akeh lemah kang nganggur during bisa dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake budi daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi tepat guna uga wis ana kaya kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita uga perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat Apa maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah perkotaan bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha nandur lidah buaya limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa ngolah arupa cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah nilai ekonomis tanduran iki. . Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung wargane budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya gampang lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi masa produksi 7-8 tahun. Mangga dicoba!******(Saka warna-warna sumber : Lukyastirin D )

.Dimuat di Panyebar Semangat,tahun 2005

Agustus 19, 2006 Posted by | Pengobatan Herbal | 15 Komentar

Tertawa agar sehat !

Sejak zaman Yunani kuno tertawa telah dipercaya sebagai bagian yang penting dalam proses healing atau pengobatan. Tertawa merupakan salah satu cara yang paling baik untuk memperbaiki kondisi fisik dan mental. Berbagai studi menunjukkan bahwa tertawa dapat membantu meningkatkan lebih baik peredaran darah, merangsang kerja pencernaan, menurunkan tekanan darah tinggi,dan meningkatkan kekebalan tubuh
Tertawa dapat merangsang otak mengeluarkann endorphin ,yaitu antibodi tubuh yang dapat menghilangkan rasa sakit dan komponen lainnya untuk mengurangi rasa nyeri.Tingkat kortisol , yaitu hormone stress yang dapat melemahkan kekebalan tubuh juga menurun , Tertawa juga membantu membuat otot-otot menjadi rileks. dan melegakan saluran pernafasan.serta membantu memperbaiki emosi.. Bahkan ada seorang dokter menderita sakit , tak hanya obat yang harus diminum,tetapi juga kelucuan. Bahkan menurut penelitian yang dilakukan University of Martland Medical Center di Baltimore,tertawa dapat membantu mencegah terjadinya serangan jantung. Dr.Michael Miller yang memimpin tim tersebut mengatakan, dengan aktivitas fisik, tidak merokok dan mengurangi lemak daoat mengurangi resiko terkena penyakit hantung. Dengan tertawapun dapat mengurangi resiko kena penyakit jantung. Untuk itu harus dijadikan aktivtas sehar-hari di samping aktivitas lainnnya untuk mencegah penyakit jantung.
Sebagian besar orang selalu tertarik pada hal-hal yang mengandung humor. Untuk mengembang kan sense of humor Anda perlu menjalin hubungan dengan orang=orang yang merasa bahagia. Anda harus sering menikmati hal-hal yang lucu,yang dapat mengakibatkan tertawa. Tersenyum saja tak cukup,tetapi tertawalah keras-keras. Jika ada yang menegur tak usah dihiraukan. Humor tak sekedar menjual ide,tetapi juga membangun relasi atau hubungan yang lebih baik.. Dengan humor berarti membangun hal-hal yang positif. Norman Cousins,pengarang Anatomy of an Illness yang menderita penyakit degeeneratif dan dinyatakan umurnya tidak lama,dapat bertahan lagi hingga 10 tahun kemudian karena kebiasannnya suka tertawa. Ia suka menonton film-film komidi dan meminta keluarganya menceritakan cerita-cerita lucu keapadanya.
Bagaimana caranya agar Anda bisa tertawa ? Goldblum Carlton memberi saran agar Anda mencari tokoh di televisi,yang dapat membuat tertawa. Simak saja acara TV yang bisa membuat tertawa seperti Aneka Srimulat, Extravaganza di Trans TV atau pelawak lain seperti Bagito, Patrio Grup dan lain-lain.Apalagi ditambah dengan berbagai kontes lawak di berbagai stasiun TV. Jika Anda ingin melepaskan dari Stres jadikan acara tersebut menjadi menu sehari-ihari. Tak sempat nonton TV, sewa saja video-video humor. Di mobilpun Anda juga dapat mendengarkan kaset yang berisi cerita humor. Jadi di saat terjebak kemacetan t nikmati cerita lucu yang membuat Anda tertawa dan strespun jadi berkurang. Jika Anda tidak ingin kehilangan kesempatan untuk tertawa,buatlah perpustakaan humor,yang isinya bacaan lucu,kaset audio atau video. Anda tak harus sendirian pada saat melihat video atau TV.Ajak teman yang lain sehingga Anda bisa tertawa bersama yang lain. Masih banyak cara lain yang bisa ditempuh seperti : bermain bersama anak-anak atau binatang yang lucu,datang ke kebun binatang dan saksikan tingkah laku binatang yang lucu terutama kera yang bisa membuat tertawa..Jadi jelaslah, bahwa tertawa itu menyehatkan.****(ASTRINI)

https://i0.wp.com/www.intisari-online.com/artikel%5C2003%5C480%5Cmajalah%5Cfoto%5Cwarna0502%5Cwarna0502-W98.jpg Ayo, tertawalah agar sehat!

Agustus 19, 2006 Posted by | Gaya Hidup Sehat, Uncategorized | 6 Komentar

KANGGO NYEGAH TUMINDAK DAKSIYA MARANG GARWA,SUAMI PERLU NDUWENI WAWASAN GENDER

Keri-keri iki asring kita prangguli pawarta ing laying kabar , sawijining suami dilaporake garwane amarga wis tumindak daksiya marang garwane. Anane Undang-Undang no 23 Tahun 2004 ngenani penghapusan kekerasan dalam rumah tangga pranyata durung kuwagang ngurangi anane tindak kekerasan sajrone rumah tangga. Isih akeh kasus-kasus kekerasan kang ditindakake pihak kakung (suami ) marang bojone, Bab iki amarga sosialisasi kang durung meluas,saengga Undang-undang kasebut durung padha dipahami dening masyarakat. Mesthine kanthi ananke Undang-Undang kasebut para suami kudu pikir-pikir dhisik menawa arep nindakake kekerasan marang garwane, awit akeh ketentuan ing Undang-undang kasebut kang menehi perngayoman marang wanita.

Pengayoman

Kita wajib mangerteni menawa tujuan ananae Undang-Undang kasebut,yaiku kanggo nyegah sakabehing wujud tindak kekerasan sajrone rumah tangga; menehi pengayoman marang korban kekersan sajrone rumah tangga, nindak para pelaku kekerasan sajrone rumah tangga lan njaga wutuhing rumah tangga kang harmonis lan sejahtera. Tumindak kekerasan kang dilarang yaiku kekerasan fisik,psikis,seksual lan penelantaran rumah tangga.

Aja gampang

Aja gampang nindakakae kekerasan,awit korban bisa nglapurake marang pulisi ,kaya kang kasebut ing pasal 26 Undang-Undang kasebut. Kejaba iku, pidana kang bakal tumiba marang pelaku uga abot. Miturut pasal 44, pelaku bisa kena ancaman pidana kunjara lawase 5 taun utawa denda Rp 15.000.000,-.Malahan yen nganti korban nandhang lara utawa tatu abot, bisa dipidana nganti 10 taun utawa denda akeh-akehe Rp 30.000.000,-. Menawa nganti njalari pepati ukuman 15 taun kunjara utawa denda Rp 45.000.000,-.Dene menawa ora nuwuhake lelara utawa alangan kanggo nindakake jabatan uatawa pakaryan ,dipidana paling suwe 4 sasi utawa denda Rp 5000.000,-.. Sabanjure pasal 45 nyebutake menawa tumidak kekerasan kang asipat psikis ana sajrone rumah tangga dipidana paling suwe 3 taun utawa mbayar denda Rp 9.000.000,-. Menawa nuwuhake lelara dipidana 4 sasi utawa denda Rp 3.000.000,-.

Kekerasan seksual bisa dipidana paling suwe 12 taun utawa denda Rp 36.000.000,-. Ing pasal 47 disebutake, Saben wong kang meksa wong kang manggon ing omahe nindakake seasambungan seksual bisa dipidana kunjara paling cendhek 4 taun,lan paling suwe 15 taun utawa denda paling sethithik Rp 12.000.000,- lan palingf akeh Rp.300.000.000,- Ing pasal 48 disebutake, menawa tindak kekerasan seksual kasebut njalari tatu kang abot marang korban lan ora bisa diusadani, utawa njalari gangguan pikiran utawa kejiwaan nganti 4 minggu terus-terusan utawa sajrone setahun nanging ora terus-terusan;gugure utawa matine janin kang ana kandhutan;utawa njalari alat reproduksi ora bisa berfungsi ,dipidana kunjara paling cendhek 5 taun lan paling suwe 20 taun utawa denda paling sethithik Rp 25.000.000,-lan paling akeh Rp 500.000.000,-. Tumindak gawe wong liya sajrone rumah tangga dadi terlantar (kapiran ) bisa dipidana kunjara paling suwe 3 taun lan denda paling akeh Rp 15.000.000,-. Kamangka dheweke wis kaiket dening ukum utawa perjanjen bakal nguripi utawa ngopeni wong kasebut.

Ngilangi

Kanthi anane Undang-Undang kasebut, wis sakmesthine menawa tumindak kekerasan mligine marang wanita kudu diilangi. Sapa wae kudu nyadhari menawa kekerasan iku ora becik. Apa maneh paukumane uga abot yen dilapurake marang pihak kang kawogan yaiku kepolisian. Akibat kekerasan fisik utawa psikis marang korban cukup abot,ora mung tatu-gangguan kesehatan fisik,nanging uga traumatis tumrap korban. Menawa kedadean kasebut ditindakake suami istri , bakal njalari anak uga bakal niru pokale bapakne rikala diwasa. Dene yen anak wadon bakal sengit marang bapakne

Racake pihak kakung kang nindakake kekerasan iku motife werna-werna. Kahanan bawah sadhare pancen kepingin nindakake daksiya kanthi nganiaya umpamane ngantemi,amarga ana sawijing bab kang kudu nindakake kuwi,utawa niyat ngukum garwane. Kekerasan pancen bisa ngendhegake padudon, lan bisa nuwuhake rasa marem ,amarga bisa ngalihake rasa frustrasi kang timbul saka sajrone utawa sakjabane omah. Nanging ing tembe bisa nuwuhake rasa ora bahagia,rasa wedi, ora percaya, nyingkiri hubungan seksual, ilange harga diri kang bakal njalari ambruke rumah tangga. Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri.

Sensitif Gender

Kanggo nyegah anane tumindak daksiya kasebut, para suami perlu mbangun sesambungan kang sensitif gender karo psanganan. Sensitif gender tegese peka marang aspirasi,kebutuhan,beban lan kahanan pasangane. Uga ngedohi cara-cara kekerasan rikala berkomunikasi lan tindak-tanduk.

Ana unen-unen garwa iku sigaraning lan kanca kanggo mbat-mbatan. Mula kaum kakung utawa suami kudu bisa bage rasa karo garwane. Kabeh harapan lan hasrat bisa dilairake kanthi tinarbukaa marang istri. Iki minangka ganti saka tumindak main perintah utawa istri kudu manutan. Komunikasi uga ditingkatake. Menawa suami ora sEneng sawijining bab kang asale saka istri, becike terus dipratelakake menawa ora seneng. Aja mung diendhem wae. Arep nesu kena,nanging aja nganggo kekerasan .Lan aja nganti memuncak. Alternatif liyane yen arep nesu ,istirahat sawatara, Becike nindakake relaksasi. Aja pisan-pisan nesu rikala lagi nyetir mobil,migunakake minuman keras utawa narkoba. Suami kudu nduweni pikiran positif marang pasangane. . Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri. Rasa sErik utawa nesu uga muncul,amarga pihak kakung butarepan marang garwane. Butarepan iku kena wae,nanging aja kebangeten, apa maneh yen dikantheni pandakwa sing ora-ora marang garwa. Timbule kekerasan ,bisa uga amarga pihak kakung ngalami stress. Yen iki sing njalari, stres kasebut ora kena dienengaake wae,malah kudu bisa ngatasi stress. Ana becike nyinau kepriye nyegah lan nanggulangi stres. Banjur kepriye ngadhepi permasalahan sajrone pembayatan ? Yen ngadhepi prekara iki aja ngendhani,nanging kudu dimusyawarahake karo pasangan,kepriye ngudari reruwet kasebut.

Saka andharan kasebut bisa dijupukm dudutan , suami kang sensitif gender yaiku suami kang tinarbuka karo pasangane, kuwagang ngendhaleni kanepson, cemburu,stres lan sumadiya musyawarah sajrone ngadhepi ruwet rentenging rumah tangga karo pasangane. **** (Lukyastirin D )

Artikel ini dimuat di Panyebar Semangat.tahun 2005

Agustus 16, 2006 Posted by | Blogroll, Wanita lan Kulawarga | 4 Komentar

Hello world!

Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!

Agustus 9, 2006 Posted by | Uncategorized | 3 Komentar